gravatar

Ngayogyakarta | Genk Kobra


Witing kelopo jawoto ing ngarco podo
sak rukune niki genk Kobra
pancen nyoto kulo saking Surokarto
njlajah nagri Ngayogjakarto

Hegh!…

Nga..yogyakarta kuthone aman berhati nyaman
Ko..ta seniman, kota pelajar lan kabudayan

Malioboro trus ngidul kuwi kraton Yogja
Kantor Pos gede ngarepe Senisono
ning dek mbiyen, saiki wis ora ono
Benteng Vredebug mbiyen bangunane londo

Golek gudeg neng Wijilan mesti ono
ndelok munyuk lan gajah neng Gembira Loka
arep sante neng laut, bablas kidul kono
Parang Tritis, Parang Endog, Parang Kusumo

Bantul – Projo – Tamansari,
ben ra ucul yo digondeli
Sle~man sembodo,
eman-eman marahi gelo

Tuku manuk nang Ngasem ‘sor Pulo Cemethi
Kaliurang nggon adem neng lereng Merapi
cemilane jadah tempe bacem: ngangeni
guo Selarong le nate perang jaman kompeni

Gajadmada, IAIN Kalijogo, UII
panggonane wong pinter sing podo setudi
Stasiun Tugu, Lempuyangan nggon kereta api
numpak sepur saka kono tekan ngendi-endi

Gunung Kidul handayani
bacut ucul angel nggoleki
Kulon Progo binangun
karo konco mbok yo sing rukun

Hoo!..

Nga..yogyakarta kuthone aman berhati nyaman
Ko..ta seniman, kota pelajar lan kabudayan

Borobudur, Prambanan kuwi candi gede
Taman sari pemandian ning kari bekase
Tari Srimpi lan Gambyong sak gamelane
yen ditonton mesti wae yo nyenengake

Daerah Yogja ono papat kabupatene
Gunung Kidul, Sleman, Bantul, Kulon Progo batese
Dalad, sangi lan nyothe kuwu boso premane
yen tak pikir aku mesti kekelen dewe

Songo papat punjul enem
menawi lepat nyuwun ngapunten
Songo papat punjul enem
kulo niki lulusan Pakem

[Reff:]
Sithik buntil ojo dijupuk lan dithithil
Tangan reged ojo nggo uthik-uthik upil
Sirah mumet lan ngelu podo ngombeo pil
Dadi uwong sing pinter, ojo dadi pukil

Susuk wajan nggo goreng krupuk kuwi suthil
mbok yo anteng tangane ojo podo nggrathil
Benik ucul dondomi ben ora prithil
dadi uwong sing sugih, ojo dadi uthil

gravatar

lagunya mengispirasi banget, citarasa yogyakarta yang sangat kental, wujud kreatifitas anak yogya yang cinta akan kotanya

Dengan sangat lagi hormat, mohon nggak naruh link di komen anda.. kesannya nyepam gitu... makasih. :D

Archive

Postingan Populer