gravatar

Ngayogjakarta

Ngayogyakarta

Kuthane aman berhati nyaman

Kota seniman

Kota pelajar lan kabudayan

 

Malioboro trus ngidul kuwi kraton Yogja

Kantor Pos gedhe ngarepe Senisono

Ning dhek mbiyen saiki wis ora ana

Benteng Van den Brugh biyen panggonane Londo

 

Golek gudheg neng Wijilan mesthi ana

Ndelok munyuk lan gajah neng Gembiroloka

Arep santai neng laut bablas ngidul kana

Parangtritis Parangendog Parang Kusumo

 

Bantul Praja Tamansari

Ben ra ucul yo digondheli

Sleman Sembada

Eman-eman marahi gela

 

Tuku manuk neng Ngasem sor Pulo Cemeti

Kaliurang nggon adhem neng lereng merapi

Cemilane jadah tempe bacem ngangeni

Guwa Slarong ngelingake perang jaman Kompeni

 

Gajahmada IAIN Kalijaga UII

Panggonane wong pinter sing padha study

Stasiun Tugu Lempuyangan nggon kereta api

Numpak sepur seka kana tekan ngendi-endi

 

Gunungkidul Handayani

Bacut ucul angel nggoleki

Kulon Progo Binangun

Karo kanca mbok yo sing rukun…..

 

Melody……………..

 

Kuthane aman berhati nyaman

Kota seniman

Kota pelajar lan kabudayan

 

Borobudur Prambanan kuwi candi gedhe

Tamansari pemandian neng kali Bekase

Tari Srimpi lan Gambyong sak gamelane

Yen ditonton mesthi wae yo nyenengake

 

Daerah Yogja ana papat kabupatene

Gunungkidul Sleman Bantul Kulon Progo batese

dalat sangi lan nyothe kuwi basa premane

Yen tak pikir aku mesthi kekelen dhewe

 

Sanga papat punjul enem

Menawi lepat nyuwun ngapunten

Sanga papat punjul enem

Kula niki lulusan Pakem..??

 

Sikil nggudhik aja dikukur lan dithithil

Tangan reged aja nggo nguthik-uthi upil

Sirah ngelu lan mumet padha ngombeya pil

Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

 

Susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

Mbok sing anteng tangane aja padha nggrathil

Benik ucul dondomi ben ora prithil

Dadi uwong sing sugih aja dadi uthil……

powered by : Crystal X

gravatar

seneng aku muleh jogja
akhirnya...

Dengan sangat lagi hormat, mohon nggak naruh link di komen anda.. kesannya nyepam gitu... makasih. :D

Postingan Populer